Kamis, 18 Mei 2017

SESORAH

Pangerten
Sesorah yaiku salah satunggaling kaprigelan micara ing sangarepe wong akeh kanggo ngandharake pemanggih utawi ide.

Bab-bab kang digatekake nalika sesorah :
1.      Nyiapake underan / tema sesorah.
2.      Nyiutake tema dadi irah-irahan (judul).
3.      Naliti kahanan pamiarsa.
4.      Ndamel cengkorongan / kerangka sesorah.
5.      Nemtokake ancase / tujuane sesorah.
6.      Ngempalake bahan sesorah.
7.      Ngembangake / ngrembaakake cengkorongan.
8.      Gladhen sesorah.

Metode-metode sesorah :
1.      Metode maca sawutuhe
Yaiku sesorah kang ditindakake kanthi maca teks.
2.      Metode hafalan
Yaiku sesorah sing ditindakake kanthi apalan saka teks sing wis digawe sadurunge.
3.      Metode pandom lajer
Yaiku sesorah sing ditindakake kanthi nggawa cathetan cilik (lajering sesorah).
4.      Metode impromptu (dadakan)
Yaiku sesorah sing ditindakake kanthi dadakan utawi ora ana persiapan sadurunge.

Jinis-jinising sesorah :
1.      Sesorah miturut ancase (tujuan) :
·         Menehi informasi / pemanggih.
·         Menehi panglipur.
·         Kanggo pangajak-ajak.
2.      Miturut kahanane sesorah :
·         Sesorah resmi.
·         Sesorah setengah resmi.
·         Sesorah ora resmi.
3.      Miturut pendekatan isine sesorah :
·         Sesorah intelektual.
·         Sesorah moral.

Cengkorongan / kerangka sesora
1. Salam pambuka, Isine ngucapake salam marang tamu kang rawuh kayata nuwun,kula nuwun,sugeng siyang,sugeng sonten,sugeng ndalu utawa salam liyane
2.  Purwaka, Atur pakurmatan marang para tamu lan atur syukur marang Gusti dene isih bisa ketemu kanggo nindhakake acara iku. Uga atur panuwun marang para tamu sing wis kersa nglonggarake wektu rawuh ing acara iku
3.  Isi/wignatining atur, Isine bab apa sing bakal diaturake manut marang acarane
4. Pangarep-arep, Isine bab sing disuwunake(diarep arep) saka sing kagungan kersa marang  tamune umpamane donga, pitutur lan sapiturute.
5. Panutup, Isine nyuwun pangapura menawa anggone nampa tamu utawa matur ana tetembungan sing kurang becik lan solah bawa utawa tindak tanduk sing ora mranani penggalih.



TULADHA
Assalamualaikum Wr.Wb

Nuwun,para pinesepuh ingkang satuhu luhuring kawruh,Bapak Kepala Desa sapamongipun ingkang satuhu kinurmatan, Para Ketua RW saha Ketua RT ing wewengkon desa Sukamulyamriki ingkang satuhu luhuring budi,Ketua BPD saha para anggotanipun ingkang winantu ing bagya mulya. Mboten supe para kadang pengurus saha anggota karang taruna ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita sesarengan ngonjukaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung nun inggih Allah SWT ingkang sampun paring pinten pinten kanikmatan,karohmatan,kaberkahan,saha kasarasan dhumateng kita,saengga ing wekdal menika kita saged makempal ing mriki kanthi boten wonten pambengan satunggal menapa
Sagung para rawuh ingkang satuhu kinurmatan
Kula ingkang pitados dados sesepuhing para kadang pengurus karang taruna”Mugi Rahayu” ing Desa Sukamulya,ngaturaken agunging panwun dumatheng sagung para rawuh sedaya ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal netepi uleman kula kangge ngrawuhi adicara menika.
Salajengipun kula ugi ngaturaken gungig panuwun dhumateng Bapak Kades ingkang sampun paring idin kangge ngawontenaken adicara dinten menika.
Mboten supe kula ugi ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepidhan dhumateng sagung para rawuh ingakng sampun kepareng paring pambiyantu awujud menapa kemawon,ingkang sedaya kala wau andadosaken gancaring adicara dinten menika.
Bapak-bapak,Ibu-ibu,para rawuh sedaya kakung miwah putri ingkang satuhu luhuring budi.
Minangka sesulihipun para kadang pengurus kula nyuwun gunging samodra pangeksami mbok bilih anggenipun ngawontenakan adicara menika kathah kekiranganipun,kiranging suba sita ,kirang papan palenggahan saha ubarampe sanesipun,sepisan malih kula nyuwun gunging samodra pangaksami.
Para pilenggah ingkang kinurmatan.
Panjenengan sedaya kula aturi rawuh ing ngriki amargi kula sekanca saking paguyuban karang taruna badhe ngaturi priksa babagan program-program ingkang sampun karancang ing taun menika. Salah satunggaling inggih menika ngugemi panywunipun para mudha ing Desa Sukamulya ingkang kepengin nggadhahi lapangan olahraga bal-balan ingkang sae supados saged kangge gladhen utawi latihan olahraga kanthi sekeca,sak saged-saged nggadhahi lapangan ingkang selaraskalian standar nasional.
Pramila ing kalodhangan menika kula nggadhahi pangajeng-ajeng mugia pepanggihan ing dalu menika saged kangge ajang pirembagan saha penggalihan kados pundi saenipun supados pepenginanipun para mudha menika saged kasebadan. Utaminipun dhumateng Bapak Kades saha ketua BPD ingkang kagungan wenang,kula nyuwun pamrayogi,kawicaksanaan saha panyengkuyungipun. Wonten unen-unen”Anak polah Bapa kepradhah” tegesipun menawilare nggadhahi pepenginan,tiyang sepuhipun kedah tumut menggalihaken.
Kados namung semanten ingkang saged kula aturaken wonten ing ngarsa  panjenengan sedaya,bilih kathah atur kula ingkang mboten mranani penggalih,kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Nuwun..... Wasalamualaikum Wr.Wb



Kapetik saking: http://duniakirun.blogspot.co.id/2016/04/pengertian-dan-contoh-sesorahlengkap.html


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

PAWARTA

Udan Angin, Puluhan Wit Ambruk Jawah dipunmaweni angin kencang ingkang nempuh hampir sedaya kabupaten/ kitha ing DIY ngakibataken macem...