SALAHE
Sabtu iki aku sekolah kaya biasane. Dina iki aku mangkat
isuk supaya bisa oleh panggon nang mburi. Amarga dina iki ana ulangan fisika
sek materine angel banget. Kanca-kancaku pada rebutan panggonan nang mburi kecuali
cah-cah sek pada bureng alias buru rangking, amarga dina iki jam pelajaran
pertama pelajaran fisika, Pak Dadang asmanipun gurune, dudu pelajarane sek
marai mboseni ananging gurune sek wes tuwa, nyebai lan marai ngantuk. Masyaallah tenan. Aku
entuk panggonan nomer loro seko mburi. Bel mlebu sekolah muni. Aku wes
deg-degan. Pak Dadang guru fisika mlebu kelas, ananging Pak Dadang ora gawa
tas. Awale aku wes curiga ora sida ulangan, ternyata.... .” Anak-anak, bapak
ninggal tugas ya, ora sida ulangan, bapak arep nang dinas, tugase nggarap lks hal 56-60, ora usah
dikumpul.”ujar Pak Dadang. “Alhamdulilah.. ora sida ulangan, tugase ora dikumpul
maneh, berkah tenan, mimpi apa aku mau bengi.”batinku. “Yawis, bapak tinggal ya.“ujar
Pak Dadang. “Ya pak siap.”wangsulane muri-murid. “YaAllah, males tenan aku Fa, ora ditumpuk to?
Ah aku arep garap nang omah wae kok.” ujarku karo Sifa kanca sebangkuku lan
kanca kenthelku. “Hoo wae ya, aku ya males tenane.”wangsulane Sifa. Aku karo Sifa,
uwes kekancan telung taun awit SMP, ya rasalah nek sifatku karo Sifa arep padha.
Akhire bubar rong jam pelajaran fisika, bu guru matematika rawuh. Bu Suti
asmane, bu Suti langsung wenehi lembaran soal akeh banget, kira-kira patang
lembar cacahe. “Anak-anak, garap tugas iki ya, ibuk bakal ngisi setengah jam,
mengko ibuk arep layat dadi ibuk ora bisa ndampingi kaliyan.” Alhamdulilah
tenan dina iki, berkah kangga cah-cah kaya aku ananging musibah kanggo kancaku
sek padha bureng. Bu Suti banjur mulang, aduh rasane ngantuk tenan. Ora let
suwe, bu Suti banjur pamit menyang layatan. Aku coba nggarap soal sek diwenehi
bu suti. YaAllah aku mung bisa garap patang soal seko akeh soal iki. Ah
yoweslah, ora dikumpul juga, garap nang omah wae, batinku. Banjur aku malah
ngrungokke musik lan mainan hp. Kanca-kancaku sek padha bureng padha garap
tugas sek diwenehi bu Suti mau. Kanca-kancaku liyane padha nonton film drama
korea lan liyane padha sibuk dewe-dewe. Sifa sebangkuku malah turu.
Bel istirahat muni, aku karo Sifa jajan nang
kantin. 10 menit istirahat banjur bel mlebu kelas muni. Murid-murid padha mlebu
kelas lan lingguh nang panggonane dhewe-dhewe. Bu Ratna,guru sejarah mlebu kelas. Kaya biasane, bu Ratna senengane
nakoni bocah-bocah kanggo ngetest nggatekke pelajaran apa ora. Biasane sek
ditakoni sek padha lingguh nang ngarep. Untunge aku lingguh nang mburi lan aku
ya durung sinau blas. Beja tenan aku iki. Bu Ratna iki ncen marai deg-degan.
Ananging kok ora kaya biasane dina iki, bu Ratna nganakke test dadakan. YaAllah,
kepriye iki, aku durung sinau blas.
Kanca-kancaku sek padha bureng ora padha kaget, kayane aku tok sek dadapan,
liyane padha sante banget. Soal dibagekke, kabeh padha mulai nggarap. Aku
grusa-grusu le nggarap, untunge soale pilihan ganda dadine bisa diawur nganggo
cara bodho yaiku ngitung benik. Sejam sakuntara waktu kanggo nggarap uwes
rampung. Aku banjur ngumpulke nang meja guru, pede tenan lehku ngumpulke. Kepara
biji elek hamboh luweh, lah raiso tenan sek penting keisi
kabeh. Bel bali sekolah muni. Sadurunge budhal, bu Ratna malah wenehi tugas
nggolek makalah, numpukipun dina selasa. Banjur sakwise bu Ratna wenehi tugas.
Murid-murid banjur budhal sekolah. Aku langsung bali nang omah arep dolan.
Tekane omah aku banjur adus lan siap-siap dolan
karo kancaku. Aku bali dolan jam 7 nan. Banjur aku ndelok tipi. Minggu esuk aku
tangi awan. Banjur nggarap pegawean omah. Ora kepikiran tugas amarga sesok
senin prei tanggal abang. Dadine aku sante-sante. Ibukku mangsuli yen aku kon
sinau lan nggarap tugas. Ananging aku malah buka laptop ndelok film. Ora reti
waktu, reti reti uwes surup. Aku banjur adus lan siap-siap dolan nang omah e
kancaku. “Buk, aku pamit nggarap tugas ya.”ujarku. “Nang omah e sapa nduk?”takone
ibuku. “Nang omahe Sifa buk”, wangsulanku. “Ya wis ati-ati ya nduk”.ujare ibuk.
“Ya buk”, wangsulanku. Tekan omahe Sifa aku buka laptop niate arep nggarap
tugas tetapi malah streamingan film. Banjur uwes jam 8 mbengi aku bali. Tekan omah
aku langsung mlebu kamar aras-arasen arep nggarap tugas. “Ah ning kok memeng,
mbok sesuk wae kaya raono wektu” batinku. Aku langsung pamit turu karo ibukku. Srengenge
wes madhangi kamarku. Ra kaya biasane,
ibukku senengane nangikke aku isuk-isuk,
ananging kok aku ora ditangikke. Aku metu kamar kaget amarga raono uwong nang
omah. Ya lumrah anak tunggal, bapak dinas nang luar kota, ibuk ora prei,
ananging kerja nang kantor mangkat isuk. Omah dadi sepi banget. Aku langsung
siap nang ngarep tipi. Males tenan dina iki rasane. Prei-prei malah raono sek
ngajak dolan yaawes nang omah wae ndelok tipi. Bosen ndelok tipi aku langsung
dolanan hp, arep garap tugas kok isih
males banget. Srengenge wes angslup. Aku banjur adus langsung nang meja belajar
arep nggarap tugas matematika, banjur aku arep nggarap makalah sejarah. Bareng
aku buka laptop terus searching materi, Waduh, yaAllah... kuota internetku
entek.. aduh iki wes bengi aku kudu piye, mesti counter sek dodol pulsa uwes
tutup piye iki. Ibuk rung bali meneh, waduh mati aku, arep ngabari ibuk yoora
bisa, arep sms ibuk pulsane entek. YaAllah, kepriye iki. Aku mung bisa meneng
wae lan sambat terus. Jam nang kamarku uwes nunjukke jam 10 bengi, ibuk
yodurung bali-bali. Aku malah keturon nang meja belajar.
“Nduk.. ajeng, tangi, uwes awan, kowe sekolah
ora?”ujar ibuk. “Iya buk,”wangsulanku karo aras-arasen tangi. Aku langsung
ndelok jam, jam nang dinding wes nunjukke jam set 7. “YaAllah, aku kawanen,
aduh piye iki”, aku gage adus lan ganti seragam, ora sarapan, aku langsung
pamit mangkat sekolah. Sakwise tekan sekolah, untunge isih kurang 2 menit
dadine aku rasido telat. Jam pertama pelajarane bu Suti, bu Suti banjur nakoni
siji-siji, tugas sek diwenehi bu Suti wingi. Bu Suti banjur tekan mejaku banjur
nakoni aku. “Ajeng endi garapanmu?”ujar bu Suti. “Niki bu, sekedap“, aku
langsung buka tas nggoleki buku matematika. “YaAllah, ora ono aduh piye iki,
mesti ketinggalan nang meja belajar” batinku. “Bu kula nyuwun pangapunten, buku
kula ketinggalan bu.”ujarku ndredeg. “Welah piye to? Saiki sapa sek durung
garap apa sek bukune ketinggalan maju nang ngarep!”ujar Bu Suti. Aku banjur
maju, yaAllah, aku dewe sek maju. Ora kaya biasane bu Suti galak ngene ki.
“Saiki Ajeng, tugasmu nggarap sak lks. Sesuk esuk ditumpuk nang mejane bu guru
sadurunge bel mlebu sekolah.”ujar Bu Suti. “Inggih bu,” mataku mbrambangi.
“Yawes saiki kowe lingguh.”ujar Bu Suti. “maturnuwun bu.” YaAllah sial tenan
dina iki. Astaga, aku lali durung garap makalah sejarah, bar iki meneh
pelajarane. Bel ganti pelajaran muni. Bu Ratna mlebet kelas. “Sugeng enjang
anak-anak.” ujar bu Ratna. “Sugeng enjang bu guru” wangsulane anak-anak. “Bu
wonten tugas ndamel makalah” ujar Tita, murid paling pinter lan rajin ing kelas
niki. “YaAllah Tita ki jan, anake sapa ta kae ki”batinku. “Ya, sakniki tugase
dikumpul ing meja nggih?”ujar bu Ratna. “Nggih bu.” wangsulane murid-murid.
“Loh niki kok namung 31?Sapa sik durung ngumpulke?”ujar bu Ratna. Awakku
ndredeg lan keringet dingin. Aku bingung kudu kepiye. “Kok ora ana sik
ngaku?sapa iki?”ujar bu Ratna modok sero. Suasana kelas dadi hening.
Kanca-kancaku lan aku kaya orong-orong kepidak, terutama aku. Mati aku. “Aduh piye iki, aku wedi yen diseneni bu
guru.”batinku. “Ya wis nek ngene ki, bu guru urutke sek durung ngumpulke”ujar
bu Ratna. Let sawetawis. “ Ajeng endi kok jenengmu ora ana nang kene?” ujar bu
Ratna kaliyan dhateng ing meja kula. “Inggih napa bu?mbok coba dicek malih bu,
mbok menawi keletan.” ujarku. “Iya Ajeng. Jawab ibuk, endi tugasmu?” ujar Bu
Ratna. “Nganu bu, niku, kula dereng ngumpulaken tugas amargi niku, kuota
internet kula telas, lan badhe wonten ing warnet ananging sampun ndhalu, nyuwun
pangapunten bu.”ujarku kaliyan awakku ndredeg. “Lah kok bisa? Pokoke ibuk
mboten nampa alesan napa-napa, sak niki tugasmu ngrangkum bab 5 kaliyan bab 6,
mengko bali sekolah ditumpuk ing meja bu guru ing ruang guru.”ujar bu Ratna. “Inggih
bu.”wangsulanku.
Istirahat kaping kalih, aku tetep nang kelas
nggarap rangkuman sejarah, tangan kula nganti tipis, bolpen kula nganti entek
2. Amarga menurut kula catatan ing buku paket sejarah menika penting sedaya.
Akhire rampung lehku nyatet iki, raketang tangan kula keju-keju. Bel mlebet
kelas muni. Pelajaran berlanjut dumugi bel bali sekolah. Bel bali sekolah muni,
aku gage nang ruang guru numpuk tugas rangkuman. Sakwise numpuk tugas aku
banjur langsung bali ing omah amargi arep nggarap tugas matematika. Tekan omah
aku langsung salin klambi banjur nggarap tugas nglembur tekan mbengi, ora maem
lan ora adus. Sakwise aku nggarap tugas aku merenung, abot tenan ya nek ngene
ki, numpuk tugas deadline e padha, durung nek aku sial bukune tugas
ketinggalan, yaAllah, aku nyesel banget, aku pengen ngerubah sifatku dadi Ajeng
sek rajin. Aku pingin berusaha. aku pingin dadi murid sik sregep nggarap tugas
lan ora seneng nunda-nunda gawean. Banjur merenung aku langsung jadwal lan
langsung bobok.
Isuke aku tangi gasik, adus, sarapan banjur pamit
bapak ibu mangkat sekolah. Bapak ibu ku padha nggumun. Aku mangkat gasik, ya
ncen ora biasane. Sakwise tekan sekolahan, kanca-kancaku sek biasane padha
mangkat gasik durung ana sek padha teka. Banjur ora letsuwe, Tita mlebu kelas
lan nggumun aku kok wis tekan sekolah gasik, amargi biasane aku murid langganan
telat. Sifa, kanca kenthelku dewe ya ora percaya. Mumpung isih isuk, aku banjur
ngumpul tugas matematika ing meja Bu Suti. Sejak dina kui aku berubah dadi
murid sik sregep.
SAKING DANIA ROSA